Naskah Pidato Bahasa jawa Pergaulan Bebas

Posted by Unknown on Saturday, February 22, 2014

Berikut ini contoh Naskah Pidato Bahasa jawa Pergaulan Bebas, yang merupakan tugas pelajaran Bahasa Jawa SMP untuk keterampilan berbicara.

Bismillahirohmaanirohimi.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hormati, Bpk Ibu guru ingkang kula hormati. Mboten supe rencang-rencang ingkang kula tresnani. Langkung rumiyen monggo tansah ngonjukaken puji syukur wonten ngarsaning gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalah kula tasih pinaringan kesarasan sahinggo saged kempal wonten mriki kanti mboten wontel alangan satunggal punapa.

Kula ingkang tinanggenah dados wakilipun konco sekelas supados ngaturaken kenging menapa muda-mudi jaman sameniko remen kalih pergaulan bebas. Wonten adicara menika kula badhe ngaturaken menapa sebabipun para muda-mudi remen pergaulan bebas. Mugi-mugi mawon ingkang kula aturaken mangke saged migunani kagem kula sarencang lan umumipun dumateng para  muda-mudi sedaya.

Konco-konco ingkang kula tresnani, kita sampun mangartos bilih pergaulan bebas menika mbekto dampak ingkang mboten sae tumprap kita sedoyo ingkang saweg masa pubertas. Sebab-musababipun lare muda-mudi sami klentu kekancan utawi pergaulan bebas, inggih menika:
  1. Faktor keluwargo, faktor menika menawi lare muda-mudi mboten pikanto kasih sayang lan pengayoman ingkang cekap. Ndadosaken para muda-mudi ngucali kasih sayang wonten jawi, inggih menika saking rencang-rencang, menawi mboten waspodo saged terjrumus pergaulan bebas.
  2. Kirangipun pangertosan babagan agama, faktor menika ugi ndadosaken penyebab klentu pergaulan.
  3. Faktor lingkungan, para muda-mudi kedah saged milih sinten ingkang sae dipun dadosaken rencang lan ingkang mboten sae.
Pergaulan bebas sagedipun atasi kanti ningkataken keimanan ugi takwa kita dumateng Gusti Allah. Coro lintunipun kagem ngindari pergaulan bebas inggih menika nyaluraken bakatipun ingkang positif, saged njogo emosi ugi mikiraken masa depan.

Mekaten ingkang kula aturaken mugi-mugi saged mbekto manfaat tumrap kita sedaya. Katah lepat kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

{ 0 comments... read them below or add one }

Post a Comment

Terima kasih sudah membaca blog saya, silahkan tinggalkan komentar