Naskah Pidato Bahasa Jawa Berbhakti Kepada Orang Tua

Posted by Unknown on Sunday, January 19, 2014

Karena banyaknya para pengunjung blog ini yang mencari artikel tentang contoh naskah pidato bahasa jawa tentang berbhakti kepada orang tua, maka berikut ini contohnya.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, Alhamdulillahirobbil alamin, walakibatullilmutaqin, wala udwana ila ala dholimin, amaba’du

Nalikanipun Nabi Allah Ibrohim AS mboten diparingi putra sakin Allah SWT dangunipun ngantos sedasa warso langkung. Nabi Allah Ibrohim AS ndedonga, munajad, nyenyuwun dumateng Allah SWT. Nopo donganipun Nabi Ibrohim?

Wonten ingkang pirsa mboten? Wonten ingkang pirsa?
Nabi Ibrohim mboten nyuwun dumateng Allah putra ingkang pinter? Mboten.
Nabi Ibrohim mboten nyuwun dumateng Allah putra ingkang sugih? Mboten
Nabi Ibrohim mboten nyuwun dumateng Allah putra ingkang gagah kados kulo? Mboten.

Nanging nopo donganipun Nabi Allah Ibrohim?
Robbi habli minassolihiin (Allah)
Duh gusti Allah, mugi maringi dumateng kulo keturunan-keturunan ingkang sholeh ugi so.....
Menopo toh sebabipun Nabi Ibrohim nyuwun dumateng Allah putra ingkang sholeh dan sholehah?
Sebabipun, tiyang ingkang sholeh insya Allah pinter, tiyang ingkang pinter dereng mesti ...

Menawi putro ingkang sholeh, piyambakipun yakin lan mangertos, bilih piyambakipun lair saking guogarbonipun kang ibu, wonten kandutanipun dangunipun 9 sasi.

Ibu? Ibu wekdal ngandut keng putra awrat sanget nggih bu? Awratipun masa Allah nggih bu?
Wonten ingkang 9 sasi, wonten ingkang 14 sasi, pas mbabar sampun kumisen. Dereng malih, nalikanipun nyidam, nggih bu?

Meniko perjuangan ibu kito, nglairaken putronipun, kantun kito dados putronipun kepripun? Menopo ingkang saged dipun aturaken dumateng tiyang sepah kalih kito?

Kedahipun, kito sami ndedonga, nyenyuwun dumateng Allah SWT,



Duh gusti Allah, kulo nyuwun ngapuro, sekathahe dosa kulo, ugi dosanipun tiyang sepah kalih kulo. Mugi Allah paring welas asih dumateng tiyang sepah kulo, kados tiyang sepah kulo welas asih dumateng kulo wiwit kulo alit.

Perjuangan tiyang sepah meniko sanget-sanget awrat, Subhanallah. Ibu kito, Subhanallah. Tiyang sepah kito, mustokonipun dipun dadosaken samparan, samparanipun dipun dadosaken mustoko, kangge putronipun. Selajengipun, nopo ingkang saget kito aturaken dumateng tiyang sepah kito? Nggih meniko dados putro ingkang sho..., ingkang sholeh.

“Ida matabnu adama inkoto'a amaluh ila min salasin: Sodaqotin jariatin, au ilmiyun tafa'u bih, auwaladin sholih yad' ulah”

Salah setunggalipun nggih meniko putro ingkang sholeh ingkang kerso paring donga dumateng tiyang sepahipun. Kepripun menawi tiyang sepuh kito sampan nilar donyo? Donga’aken, menawi taksih sugeng? Monggo sesarengan kitombiyantu ngagem tenogo kito! Insya ...

Monggo sesarengan kito madosi ridhonipun tiyang sepah, monggo sesarengan kito madosi berkahipun tiyang sepah, sebabipun menopo? Ridhollah bi ridhol walidain, wa sukhtullah bi sukhtil ... walidain.

Ridhonipun Allah gumantung wonten ridhonipun tiyang sepah lan ugi murkanipun Allah gumantung murkanipun tiyang ...

Menawi tiyang sepah kito ridho, insya Allah, Allah ugi ridho.

Ngibadah ingkang kathah, haji kaping tigo, dados kyai ingkang dipun hormati tiyang katha, hananging, menawi kito durhoko dumateng tiyang sepah, sedoyo amal ibadahipun dipun tolak dateng Allah Subhanahuwataala.

Mugi-mugi mawon, kito sedoyo dados putro ingkang sholeh dan sholehah, amiin ya robbal alamiin, ugi kito saged mikul duwur mendem jero tiyang sepah kito mbenjang.

Kados mekaten ingkang kulo aturaken, kathah kesalahan ugi kekhilafan, al fakir, nyuwun agenging samudro pangaksami, akhirul kalam wabilahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum Wr. Wb.

Demikian contoh naskah pidato bahasa jawa tentang berbhakti kepada orang tua, semoga bermanfaat.

{ 1 comments... read them below or add one }

romaalfaindo said...

terimakasih, semoga niat baik anda membantu sesama dibalas dengan yang kuasa amin :)

Post a Comment

Terima kasih sudah membaca blog saya, silahkan tinggalkan komentar