Naskah Pidato Perpisahan Wakil Kelas VI dalam Bahasa Jawa

Posted by Unknown on Tuesday, September 17, 2013

Naskah Pidato Perpisahan Wakil Kelas VI dalam Bahasa Jawa - Untuk keperluan acara perpisahan SD, biasanya terdapat acara pidato atau sambutan kata-kata perpisahan dari kelas VI. Pidato atau kata perpisahan atau pamitan kelas VI dengan bahan Indonesia, itu sudah biasa, Guru biasanya ingin sesuatu yang lain, untuk itu berikut ini kami sampaiakan kata pamitan dari kelas VI sebagai contoh.

Assalamualaikum wr. Wb.

Ingkang dahad kinormatan Bapak kepala sekolah SD negeri Tambaharjo.
Bapak ibu guru ingkang kulo hormati
Lan konco-konco ugi adek-adek sedoyo kemawon ingkang kulo tresnani
Monggo kito sedoyo sesarengan ngonjukaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Moho Agung, ingkang sampun maringi nikmat kuwarasan dumateng kito sedoyo, sahinggo saged sesarengan kempal wonten adicoro perpisahan siswa kelas enam sameniko.
Sholawat salam kagunganipun Gusti Alloh mugi-mugi konjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.

Bapak ibu guru ingkang kulo hormati

Kulo ingkang tinanggenah Bapak guru kagem nyenyulihi konco-konco keles enem supados ngaturaken matur sembah nuwun kulo sakonco dumateng Bapak ibu guru ingkang sampun nggulowentah kulo sakonco dangunipun enem warso wonten pawiyatan meniko.

Kulo sakonco mboten saget maringi menopo-menopo, namung saget ngaturaken agunging panuwun.

Kulo sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados saged ketampi wonten pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dados tujuan kulo sakonco.
Ugi supados kulo sakonco saged dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, agomo, ugi bongso lan negoro.

Sejatosipun, kulo sakonco kraos awrat sanget nilaraken pawiyatan meniko.
Kulo gadah sekedik pesen kagem adek-adek kelas setunggal dumugi gangsal, supados sinau ingkang sregep, supados saged mujudaken cita-citanipun ugi dados lare ingkang lantip.

Cekap semanten atur kulo.

Kulo sakonco tartamtu katah kalepatanipun, lumantar kulo, nyuwun agunging pangapunten dumateng sedoyo kemawon.

Waakhiron Wabilahitaofik walhidayah wassalamungalaikum wr.wb.

Sebagai pelengkap acara perpisahan baca juga Naskah Pidato Perpisahan Wakil Kelas 1 sampai 5

{ 4 comments... read them below or add one }

Anonymous said...

matur nuwun ,sudah membantu kami mugi-mugi manfaat

Unknown said...

Amiin, mugi-mugi manfaat buat kita semua

lam kenal mas Roh Mad

Anonymous said...

Matur sembah nuwun

Anonymous said...

I like your pidato ilike this

Post a Comment

Terima kasih sudah membaca blog saya, silahkan tinggalkan komentar